Rabu, Desember 10, 2008

The Flower Market, Jogja City

Crita maning ya, kaya biasane - nggo basa penginyongan bae...
Jaman awal-awal neng Jogja mbiyen, asline aku ora ngerti babar blas soal kampus, perkuliahan apa maning soal jalur bis kota luwih-luwih komunitas mahasiswa. Sing jelas, ngertine Malioboro thok, hehehe (Mbiyen karo kang Warkim pernah nganah, kanca neng STM Wiber, loroan jalan-jalan nyepur sekang Purwokerto Mudun neng Tugu, ndayak alias mbayar neng nduwur Sepur). Ora ngarti ngalor-ngidul, dadine mung ngubek-ubek jalan Malioboro,
Beringharjo, Alun-Alun karo Masjid Gede..
Nah, pas waktune ndaftar kuliah neng STMIK Proactive (RIP) nginep sewengi neng Jogja (Nyepur maning kelas Bisnis, tapi sekang Stasiun "Kretek" - Bumiayu, gratisan nganggo KBD "Kartu Bukti Diri" dueke Gunawan, putrane pak Mandor PT.KAI). Lha wong jenenge ora ngarti ya, jebule jebul aku neng penginepan komplek The Flower Market alias SARKEM "Pusat Jajanan dan Oleh-Oleh Khas Jogja", haha, jayus bangetlah pokoke :-D. Alhamdulillah saking kersane Sing nggawe urip, Iman dan Aminku kuat, haha..
Wis ndaftar kuliah (Pertama ketemu sohibku Tini + Sari), nggolet kos-kosan trus bali ngumah nggawa olih-olih Novel Harry Potter sing pertama - "The Sorcerer Stone" (Saiki bukune neng endi yaa?) karo bukune Dee sing pertama "Supernova" (disilih mantan pacare kangmasku, nganti seprene durung balik.. :-P) karo jajan Bakpia sebungkus nggo gawan..
Semono ndisit ya, ngesuk-ngesuk desambung maning..

2 komentar:

milisdad mengatakan...

Sarkem = SARana KEsehatan Masyarakat :D

Investasi mengatakan...

sarkem = setahu saya pasar kemis lahire dino kemis yo nggak sih, lam kenal yaa