Rabu, Agustus 20, 2008

Urip neng dunya pancen kudu ikhlas

Subhanallah, wis suwe pisan inyong ora nulis neng blog-e dhewek. Jare ramane, "sok sibuk temen kowe jan...". Lha kepriwe maning jal, saiki inyong ngode seminggu 7 (pitung) dina. Senen nganti Jemuah neng Ketanggungan - Brebes, Setu Minggune neng Purwokerto (Sisan malming maksude :-D). Nah, kadang-kadang ana wektu sedhela paling banter ya nangga karo dolan meng nggone sedulur. Kuwe bae nek bener-bener ana tanggal abang neng dina kerja. Kaya wingi kae pas tanggal 18, Inyong silaturahmi maring ngumaeh simbah neng Renggong - Gumelar - Kab. Banyumas, liwat pesisir waduk penjalin tembus maring alas pinus bablas meng desa. Seneng banget yakin, bisa ketemu simbah putri karo mbah kakung, jajal bayangna, inyong terakhir meng nganah pas badha lebaran kae.. Ya wis arep setaun mbok? padahal nek deniati ya, paling-paling setengah jam wis butul, mung ya dalane mandan angel sethithik. Oia, malahan mbah kakunge tesih lagi neng sawah (Nyiram cesim karo bawang) tek undang, "Mbaaah, Benny gyeehh" seru banget goli mbengok-mbengok wong pancene ya adoh, nyebrang kali, neng mburi kuburan pisan :-p. Alhamdulillah, pada sehat wal afiat. Hehehe, sekalian mangan neng nggone simbah, digawekna mendoan, karo ditukokna iwak rong blinthi (lumayanan, hehe).

Ya, semono dhisit ya, lumayanan lah, ngesuk-ngesuk nek ana kesempatan tak sambung maning wis. Salam baen nggo kabeh, hehe nyong tesih urip lho :-D

Tidak ada komentar: