Rabu, Agustus 02, 2006

Gara-gara tindikan

Innalillahi Wa Inna Ilaihi Roji'un, nelangsa banget pas dikabari jasak nek jakwire yanu sing arane Indra (Yarike Rasti, Bumiayu) ninggal. Ya Allah, padahal Indra kuwi bocahe apikan men yakin - yanu kenal kawit nang SMP Negeri 1 Bumiayu, pas jamane esih kencur dadi pelatih pramuka. 

Indra kuwe, adi kelase yanu rong tahun (pas yanu kelas telu, deweke tembe kelas siji). Yanu sebenere ora kenal banget, tapi nek wong tah ya ... mestine katon kye bocah apikan apa orane. Nah, jaman mbien kuwe sing jenenge Indra mandan lemu (mandan loh ya...) nek menurut yanu tah ora masalah banget nemen. Wong sing penting kan ora overweight, utawa kaya artis gemblep mba Pretty kae. 

Nah, pas lebaran tahun wingi (2005) yanu dolan maring umaeh Indra. Yanu silaturahmi karo mbekayune (Rasti) sisan karo adine. Lah kagete nemen ya, si Rasti karo Indra kuwe penampilane wis berubah kira-kira 7200 ndean tah. La primen maning ora kaget, saiki bocah loro kuwe wis langsinge por, rambute lurus direbonding, wajaeh bersih putih, pokoke kaya artis sinetron lah. Ya, maklumlah yanu kan wis suwe ora ketemu (sekitar loro setengah tahun). Dadi, kagete ya nemen ya lih?

Nah, saiki hubungane karo kasuse Indra mau kaya kiye; ngerti dewek mbok nek obate nganggo kecantikan lan pelangsingan kae wis parah men (larange maksude). Wis lah, pokoke sing penting kondisine kesehatane lagi aman - larange kaya apa gen wong gableg tah ora masalah. Tapi, arane bocah nom yah - ana ana bae sing gawe marga. Si Indra kuwe masang tindik nang ilat, jerene tah infeksi apa terus kres karo obat-obatan mau, dadine ana efek negatife - wajahe bengkak, terus lemah jantung. 

Ya Allah, muga-muga diampuni kesalahan-kesalahane Indra - kayane nek wong nom ninggal kayong ngungun men, tapi ya dadi perhatian nganggo jakwir-jakwir kabeh. Aja kemlithak!, pikir ndisit ping loro nek arep anu apa-apa. Wis, muga-muga bisa dadi wacana nganggo ente kabeh.

9 komentar:

Anonim mengatakan...

menarik,karena bahasa banyumasan-mu yang sudah makin langka
teruslah menulis begitu

Beny Damarhadi mengatakan...

Thanks, tapi bahasa tsb masuk di jenis bahasa BUMIAYU. Kalo bahasa banyumasan beda lagi. Thx usulnya, sepertinya saya tahu siapa yang komen nih :D

-- GR --

Anonim mengatakan...

Walah mase wong purwokerto ta..?? ya tangga mas karo aku :-D, purwokertone ngendi ? ;)).

Beny Damarhadi mengatakan...

Mas Rifki Linux mbok???
wis kenalan mas nang YM :D
Saiki aku nang brebes, lagi mangan rujak kangkung bozzzzz...

Anonim mengatakan...

lah si kepriwe deneng bisa dadi kaya kue...eiiit..
wis lawas kie aku ra ngomong basa poertorikoan...kangen karo mendoane

Anonim mengatakan...

benny moerdhani...eh...salah yak...??hehe...
apa kabar ben ?beneran udah kerja di Purwokerto ? katanya pengen mengembangkan brebes...
isih sokan kotekan karo junaidi abdillah ora ben ?
eh, njawabe nang imelku bae yak...
zhyd_elhamidy@yahoo.com
thanks before...

Anonim mengatakan...

Ya kaya kue urip. Ana sing apik lan sebalike. Moga moga aja melu melu sing ora bener. Keslusuben beh larane pol, ana maning ilat di tindiki tindik, nyiksa awak mbok jenenge?
salam kang wong desa madureso gombong.

Anonim mengatakan...

bocah saiki akeh sing kemlitak,.. batire nyong kyeh,.. modar gara garane ngombe bir di campur karo autan.. ya wis yah. dadine innalilahi. muga muga dadi pelajaran kyeh

Investasi mengatakan...

blog yang sangat menarik bos saya suka logatnya dan bikin penesaran lam kenal yaa, thanks